Tumplek Ponjen Kanggo Profesore Kabupaten Brebes

Daning : Atmo Tan Sidik

FOTO : Atmo Tan Sidik

smpantura – Kacarita lamon pengin uripe tata
Kudu maca literasi waskita
“Mangesti wicara ebahing praja”
Bupati Paramitha karo wakile Wurja
Karo kabeh brayah Kabupaten Brebes
Pengin nata Brebes: beres, beres, beres
Mulane ayuh aja pada spaneng
Mikir bareng, sing anteng
Nang villa dukuh kadal meteng
Aja mung mencak-mencak
Tapi mangape telak endah pada karo tumindake tungkak
Iwak blanak kadang luwih kemrayak
Iwak bandeng kadang luwih anteng
Saben waktu, Kabupaten Brebes tambah jumlah profesore
Tapi aja kecrak kecrok bae, pan mulai kapan pada nyumbange
Guru besar sumbangane kudu luwih gede
Ora mung maido bae, nuding mana mene
Kiyeh saiki ana 348 kantong tumplek ponjen
Coba jare para profesor kudune kepriben?
Waktune Brebes kudu luwih kesohor
Sing dadi profesor aja mung nglekor
Kiyeh diiseni kantong tumplek ponjen
Nyambut gawe sag-seg, Mangan wareg
Nyandang rapet, Turune anget
Medange buket, Pasedulurane kraket
Angger akur, banyune mancur, bumine subur makmur
Kabupaten Brebes: beres, beres, beres
Para pemuda sing nang njero utawa nang jaba kota
Ayuh bareng nata, sing dadi ulama
Sing pada dagang, sing dadi guru
Sing tukang nembang dadi biduan, sing dadi dosen
Gelem pada ngisi kantong tumplek ponjen
Endah Kabupaten Brebes katon luwih sejen, tur kajen
Profesore ngisi kantong tumplek ponjen
Apa dianakna lomba milih karo mangan duren
Kuweh likuh tembe keren (**)

BACA JUGA :  Menanam Harapan untuk Masa Depan

**Penulis adalah Tim penyempurna sejarah Kabupaten Brebes tahun 2011, Tokoh pamomong Jawa Tengah tahun 2025, Penerima anugerah kebudayaan Kemendikbud RI